Latihan Soal Dan Tambahan Materi Bahasa Jawa Kelas 10



TAMBAHAN MATERI 

Basa rinengga kuwi gabungan saka tembung basal an rinengga. Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake. Dadi basa rinengga yaiku basa kang ngemu teges kaendahan. Basa rinengga asring ditemoni ing geguritan, sesorah, tanggap wacana, uga ing adicara temanten utawa gancaran sing arupa cerkak, roman utawa novel, uga bisa awujud paribasan, wangsalan, bebasan utawa saloka.
Kang dicandra dening pranacara ing adicara pangaten yaiku penganten putri, satriya kembar, putri dhomas, suba manggala.
Ngambarake kaendahan kahanan iku arane panyandra. Tuladhane panyandra yaiku Pinanganten putri ketinggal sulistya ing warni, wadana melok lir wuku purnama
Sinten ta ingkang pinangka suba manngala,kirabipun pinanganten sarimbit, nun inggih panjenenganipun raka Mas dodik sembada. Kang dikarepake suba manggala yaiku Pangarsane lampah
Ukara kang lumrah kangge nggambaraken bagus saha agungipun penganten kekalih yaiku Bathara Kamajaya dalah Bathari Kamaratih ngejawantah

Tembung kriya :
Tembung kriya lingga, tuladha : lunga, seba, dandan, adus, dodol, lsp
Tembung kriya tanduk (oleh ater-ater anuswara), tuladha : nimbi, nyepot, methuk, lsp

Tembung kriya tangga (oleh ater-ater tripurusa lan seselan), tuladha : sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lsp.

Tembung kriya rangkep, tuladha: leledhang, leladi, golek –golek, omah - omah
Tuladha tembung kang kedadean saka 2 wanda (suku kata) : wilar, nyata, cocok, panggih
Tuladha tembung kang kedadean saka 3 wanda : sangsara, keprenah, kemresek

LATIHAN SOAL :
Golekana tembung linggane “pinatut, pinilih, sinungging” …

Basa kang dipacaki, dipaesi, nduweni perlu supaya dadi endah lang ngresepake diarani …

“Ratna duwe watak sing andhap asor”. Tembung andhap asor kalebu tembung …

Tembung sing tegese ora salugune diarani …

Alon-alon waton tumandang, mesti bakal kecekel kang sinedya. Kepriye Paribasane kang cocok kanggo ngandarakake ukara ing nduwur yaiku …

Ancik-ancik pucuking eri. Apa tegese bebasan iku ...

Wujud tulisan kang isine njlentrehake pikiran lan pangrasane pengarang dadi kesatuan tema kang utuh diarani ...

Wujude ater-ater tripurusa yaiku …

Ide sawijining crita kang bisa makili isine crita diarani …

Coba gawea siji wae tuladhane ukara pitakon!

Karangan kang isine nggambarake sawijining objek kareben wong kang maca kaya-kaya nyawang dhewe objek kang dicritakake diarani karangan …

Tembung pepaes, cecunduk,kekasihe, kalebu rimbag …

Kang kalebu ater- ater anuswara yaiku …

Apa kang diarani tembung aran?

Lho apa bapak wis kondur? Tembung kang kacithak miring diarani …

Tembung “Tulungana” kadunungan saka tembung lingga “tulung” lan pikantuk panambang …
 
Sakabehe tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, gela, susah diarani …

Tembung pyar, bleng, dhor kalebu tembung …

Krama inggile irumh yaiku …

Lara lapa kalebu tembung …

Tembung “lumaku” kadunungan seselan …

Tembung “tinindakake” kadunungan seselan …

Tembung “nimba” iku kadunungan tembung kriya …

Tembung “sinebul” iku kadunungan tembung kriya …

Karo tangga … kudu tansah … rukun, amarga kuwi ijole … sedulur kang adoh dununge. Tembung saroja kang trep kanggo ngisi ceceg – ceceg ing ndhuwur yaiku …

Krama inggile kuping yaiku …

Gawea siji wae tuladhane kerata basa …

Bawana, Bantala, mandhala, pratiwi , iku dasanamane...........

Hus, bocah cilik ora pareng matur kaya ngono, tembung hus diarani..........

Sakabehe tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe, diarani .......

Tembang macapat iku kawengku ing perangan… wangsulan : (gatra, wilangan, wanda, lagu)

Sing dimaksud “pada” ing tembang macapat yaiku …

Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani …

Sing diarani guru wilangan yaiku …

Guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh yaiku …

Guru gatrane lan guru wilangane tembang asmarandana yaiku …

Tembang macapat sing nduweni watak sedih, sengsem lan prihatin yaiku tembang …

Wis direwangi nganti gulung........,nungsang...............,jungkir..........,anggonku nyambut gawe,meksa during kecukupbutuh,amarga reregan sakabehing barang ara saya murah, malah saya larang. Ganepana tembung saroja ing ndhuwur
Coba tulisen wujude aksara murda …

Tulisen wujude aksara swara …

Tulisen wujude aksara rekan …

Tulisen nganggo aksara jawa “anoman malumpat sampun”

Tulisen nganggo aksara jawa “anak polah bapa kepradah”

Tembung “mubadzir” nalika ditulis nganggo aksara jawa nggunakake aksara …

Naga, sarpa, sawer , taksaka iku dasanamane …

_________####_________

Ingin Tahu Kunci Jawabannya? Yuk Follow Dulu, Kunci Jawaban Akan Segera Kami Update Yes.

Post a Comment

0 Comments